Penting

LightBlog

Breaking

Jumat, 19 Januari 2018

Mula Bukane Banyumas

Adipati Wirasaba VI, Warga Utama I  mimpin rakyat Kadipaten  Wirasaba  kanthi wicaksana. Adipati  Wirasaba ndadosaken rakyat Kadipaten Wirasaba gesan gemah ripah loh jinawi. Sedadeanipun Raden Warga Utama, kalenggahanipun dipungantos Raden Bagus Mangun utawi Raden Joko Semangun putranipun Raden Banyak Sarso. Raden Bagus Mangun lajeng dipun asmani Raden Warga Utama II. Raden Warga Utama II 
maringaken kalenggahan Kadipaten Wirasaba dhateng 4 putranipun. Lajeng Raden Warga Utama  II dipunparingi asma Adipati Mrapatlan 4 dhaerah menika dipunasmani istilah "Catur Tunggal" inggih punika Purbalingga, Banjarnegara, Cilacap, Banyumas. Nama Banyumas asalipun saking tembung Banyu lan Emas.

Dipuncariyosaken  Adipati Mrapat  angsal wangsit ingkang nyebataken menawi wiwit  kalenggahanipun dumugi putra  wayah wonten pasiten ingkang badhe dados pusering  paprentahan. Pasiten menika ing klien dhusun kejawar, ing dhusun menika wonten wiwitan ingkan namanipun wit tembangan ingkang gadhah warni kados emas. Adhdhasar pamangghipun para wasis, Adipati Mrapat lan rakyate lajeng ndhamel dhusun  kanggo pusering paprentahan.

Nalika  rakyat ndamel  pusering paprentahan, wonten kajeng ageng kentir ing lapen serayu ingkang namanipun "Kayu  Emas"  saking dhaerah Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten Purbalingga. Kajeng  menika  kentir  ngantos  dumugu dhaerah  pembangun. Adipati Mrapat trenyuh lajeng  kayu emas munika  dipunpundhut lan dipundadosaken saka Bala Si Panji.

Amargi  menika namanipun Kayu Emas lan kentir ing lapen , mila pusering paprentahan menika dipunsebat "BANYUMAS" Sesampunipun  Adipati Mrapat seda, dipungantos kaliyan putranipun ingkang turun temurun inggih puniku : R. Ng. Mertasura I, II, III, R. Ng. Mertayudas lan sapitertipun.

Sumber: Marsudi Basa lan Sastra Jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar